Powered By Blogger

Kamis, 19 April 2012

Pituture Simbah Kakung marang anak putu lan buyut



Bocah bagus anakku lanang, ojo wedi golek-o pepadhang dalan, ora kendhat
anggonku ngengudhang, Duh bocah bagus anakku lanang,
Wong tuwamu dudu raja, sing dak warisake dudu bandha donya, sangumu mung isi pitutur, muga dadi titah kang luhur.
Anak lanang bagusing ati, ojo lali anggonmu memuji, marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, Muga dadi padhange ati.
Urip ing donyo iku sadelo, urip ing kono koyo samudra, mula nggeerr,…, ojo wegah padho tetanem, ing kono mbesuke bakal ngunduh.
Bocah bagus anakku lanang, ojo nganti ninggal piwulang, mumpung jembar golek-o pepadhang. Ojo jirih ing pepalang.
Sejatine ora ono opo-opo…., sejatine jaga awujud suwung, ora warno lan ora rupa, Sing ono mung awang-uwung.
Akehing bondho dudu ukuran, drajat lan pangkat dudu takeran, lan pepujane rasa dudu anak, pagering jiwo dudu sanak.
rahayu..
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar